Sejatine
manungso urip iku songko hayang hayange dewe , yoiku atine kang manunggal
dening Gusti Allah kang Maha Tunggal. Kewibawaan seorang hidup itu dari
perilakunya sendiri, jika perilakunya sendiri adalah hangkara murka mongko
hayang hayange yoiku rosone atine teleng ing gesang inggih meniko bakal
sengsoro ono ing neroko. Lan sebaliknya dikala orang ini hidupnya dalam
kesempurnaan batin yaitu insan kamil maka hatinya senantiasa di hiasi dengan
pesona yang indah dalam dekapan jannah.
Ajine
manungso urip iku songko hayang hayange dewe, matine kang manunggal deneng Gusti
Allah kang Tunggal. Yo rasa ilmune wong iku tatkala mangucap lafad suci kalimat
tauhid Lailahaillallah Muhammad Rasullullah. Ora iso manjing ing rasane ora biso nginep ing griya.
Owalah ngger kabeh siro anak putu adam
mugo siro dadi manungso sejati sejatine manungso. Manungso sejati kateges biso mbedaaken sifat
iro tumrap jalmo liyo lan rojo koyo, tumrap
manungso lan hayawan. Yen dadi manungso sejati iku yo biso milah yo biso
milih. Ananging ora biso milehake. Bisoho ngakoni salah kendel rumongso salah.
Sing
di arani wong sakti iku dulur, eleng eleng. eleng dengan kata kata indah ini.
Sing di arani wong sakti iku dulur Wong kang sabar ngalah. Ojok bekiteten
atine, ojok ngamuk an, seng ajer seng ajer. Sejatine manungso iku kateges
manunggaling roso. Roso sejati sejatine roso. Roso cipto ciptone roso senajan
kang moho kuwoso kawedar kelawan biyung lan bopo. Nandar ben sukmo kelawan
bungkus badan iro. Sejatine rupo iku piningit ono ing ati,sak lebete ati lan
ono ing lebet yoiku ono ing jerone ati melbet wonten sisihe ati jerone ati
yoiku teleng e Qolbi. Lelakune batin iku dumunung ono ing sukmo melbet wonten
dar siroo ruh.
Eleng,
lelampahane sukmo meniko wonten ono ing saklebete roso kang cecambeneng dadi
sawiji, nyawiji dados sak temene dzat. Ilingo dulur. Urip iki ibarate wayang,
kadang di puji yokadang di uji. Yo kadang di keplek pkeplekno ono ing duwure
panggung. Damare yoiku rembulan lan srengenge. Ten mriku wonten kelir minongko alam ben awung awung sing nyonggo
tanah cipto. Wonten mriku wonten debok yoiku bumi kang kateges kanggo ngadekno
wayang yoiku bumi. Dalange yoiku kang murgeng dumadi yoiku jragan alam. Mlaku
sak mlaku obah sak polah di obahno dalange. Yen wis mari purno lakoni, wayang
dilebokno kotak dalange. Lelakone yoiku pramiksani.
Dulur,
manungso iku sejatine mayit kang lumampah ing duwure bumi. Di lampahke
pengerane. Milo dulur, wayang iku embane hayang hayang. Wayang iku embane
wetone ayang ayang. Mongko ajine manungso urip iku songko ayang ayange dewe.
Atine kang manunggal dening gusti Allah kang tunggal. Ojo wedi karo sopo sopo,
wediho karo seng gawe sopo sopo.
0 komentar:
Posting Komentar